Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

SOAL DAN KUNCI BAHASA JAWA ASAJ SMP

PETUNJUK KHUSUS

I.  Wangsulana pitakonan iki kanthi menehi tandha ping (x) ing huruf A, B, C, utawa D  ing lembar jawab kang cumawis!

 

Wacan 1 kanggo soal no, 1-10

 

Dhandhanggula

 

Pamedhare wasitaning ati,

cumanthaka aniru Pujangga,

dhahat mudha ing batine,

nanging kedah ginunggung,

datan wruh yen akeh ngesemi,

ameksa angrumpaka,

basa kang kalantur,

tutur kang katula-tula,

tinalaten rinuruh kalawan ririh,

mrih padhanging sasmita.

(Serat Wulangreh Pupuh 1 Pada 1, Sri Susuhunan Pakubuwana IV)

 

1.  Serat Wulangreh kuwi anggitane Sri Susuhunan Pakubuwana kaping ….

A. I                                                    C. III

B. II                                                   D. IV

 

2.  Pamedhare wasitaning ati. Tembung Wasitaning ati tegese...

A. Kandhaning pangrasa                     

B. Kandhaning kanca                          

C. Kandhaning guru  

D. Kandhaning wong tuwa

 

3.  Guru gatrane tembang Dhandhanggula ing dhuwur mau ana …. gatra.

A.  9                                                   C. 11

B. 10                                                 D. 12

 

4.  Isinipun Serat Wulangreh ngewrat piwulang …. ingkang kenging kangge gondhelan netepi darmaning gesang.

A.  Kalepatan                                       C. Kasaenan

B.  Kadurjanan                                    D. Kaendahan

 

5.  Wosipun Pupuh Dhandhanggula inggih punika…

A. Piwulang caranipun tiyang milih sasrawungan

B. Piwulang bab cara sarta gegebenganipun tiyang suwita ing ratu utawi nagari

C. Piwulang sampun ngantos sanget-sanget kapiyandel nggadhahi wewatakan: adigang, adigung, adiguna

D. Piwulang caranipun tiyang millih guru

 

6. Guru wilangan lan guru lagune tembang Dhandhanggula yakuwi…

A. 10i, 10a, 8e, 7i, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a

B. 10i, 10a, 8a, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a

C. 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a

D. 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7i, 6u, 8a, 12i, 7a

 

7.  Guru lagu tembang Dhandhanggula kang tiba wulu  (i) ana ing gatra ….

A. 1, 5 lan 9                                           C. 2, 5 lan 9

B. 1, 5 lan 7                                           D. 2, 5 lan 7

 

8.  Tetembungan Cumanthaka ateges ….

A. Supaya                               C. Weruh

B. Kendel                                D. Kudu

  

9.  Kang diarani pujangga yakuwi wong kang pinter ing babagan …

A. Kekarangan wacana                           C. kekarangan, layang, basa

B. Kekarangan endahing rasa                 D. kekarangan carita

 

10. Wosing budi pakarti pada 1 pupuh Dhandhanggula Serat Wulangreh yakuwi …

A. Wong yen kepengin pinter basa kuwi kudu mawa beya

B. Wong yen kepengin pinter basa kuwi kudu dialem dhisik

C. Wong yen kepengin bisa nganggit basa kuwi kudu gladhen lan kudu dialem

D. Wong yen kepengin bisa nganggit basa kuwi kudu gladhen kanthi sabar lan telaten

 

Wacan 2 kanggo soal no. 11-15

Memedi Kost

 

Akhire aku diidini manggon ing kos-kosan dening wong tuwaku ing tengah semester. Amarga ing semester papat akeh kegiatan wengi sing kudu daklakoni. Sadurunge, aku ora tau mlebu kos. Aku mesthi budhal saka omah dhewean numpak sepedha motor amarga omahku rada adoh saka kampus. Kos-kosan sing dakpilih ora pati adoh saka kampus.

Mung butuh sepuluh menit yen mlaku. Aku sekamar karo kancaku, jenenge Shahnaz.

Senajan beda jurusan nanging tansaya dina dadi tambah akrab. Sakwise resik-resik barang-barangku, aku banjur nglakokake kegiyatan kaya biasane. Aku kudu miwiti adaptasi.

Pas Minggu sepisanan nginep ing kost. Ing wayah wengi, aku tangi saka turu. Aku weruh memedi karo sirah tanpa awak nglayang ing jejere lemariku. Aku wedi banget lan pengin njerit nanging ora bisa. Rasane swaraku kecepit ing tenggorokan. Aku pengin nggugah Shahnaz, nanging tangan iki ora bisa obah. Banjur aku mutusake kanggo nutup mripat lan ndedonga. Sawise aku mbukak mripatku, alhamdulillah memedi wis ora ana.

Aku rumangsa salah amarga aku ora ndedonga sadurunge turu. Wiwit iku aku kerep

ndedonga lan maca Al-Quran karo Shahnaz supaya awake dhewe ora keganggu dening memedi sing dakdeleng.

https://www.inews.id/news/nasional/4-contoh-cerita-pengalaman-bahasa-jawa-

berbagai-tema-dijamin-menarik.

11.  Genea akhire paraga aku diidini manggon ing kos-kosan dening wong tuwane ing tengah   semester?

A. Amarga ing semester papat akeh pelajarane

B. Amarga ing semester papat akeh kegiatan wengi sing kudu dilakoni

C. Amarga ing semester papat akeh kegiatan esuk sing kudu dilakoni

D. Amarga ing semester papat akeh kancane

 

12.  Kos-kosan sing dipilih ora pati adoh saka kampus. Mung butuh …. menit yen mlaku.

      A. Sedasa                                          C. gangsal welas

      B. Sewelas                                         D. kalih dasa

 

13.  Paraga aku diweruhi memedi awujud ….

A. sirah tanpa awak nglayang ing mburi lemari

B. sirah tanpa awak nglayang ing jejere lemari

C. awak tanpa sirah nglayang ing jejere lemari

D. awak tanpa sirah nglayang ing mburi lemari

 

14.  Sawise diweruhi memedi kost paraga aku rumangsa salah amarga ….

A. amarga ora ndedonga sadurunge sinau

B. amarga ora ndedonga sakwise turu

C. amarga ora ndedonga sadurunge turu

D. amarga ndedonga sadurunge turu

 

15.  Sawise kedadean kuwi paraga aku kerep ndedonga lan maca Al-Quran supaya …

A. dheweke sregep sinau

B. dheweke ora keganggu dening kancane

C. dheweke bisa tenang anggone sinau

D. dheweke ora keganggu dening memedi

 

16.  “Fatimah lunga pasar tuku jamu”, yen katulis aksara jawa …

A. ?ꦥ꦳ꦠꦶꦩꦃꦭꦸꦔꦥꦱꦂꦠꦸꦏꦸꦗꦩꦸ.

B. ?ꦥ꦳ꦠꦶꦩꦃꦭꦸꦔꦥꦱꦂꦠꦸꦏꦸꦧꦸꦏꦸ.

C. ?ꦥ꦳ꦠꦶꦩꦃꦭꦸꦔꦥꦱꦂꦠꦸꦏꦸꦭꦺꦭꦺ.

D. ?ꦥ꦳ꦠꦶꦩꦃꦭꦸꦔꦥꦱꦂꦠꦸꦏꦸꦱꦺꦴꦠ.

17.  ?t=gl\: .  :AgusTus\:1945:I[nDo[nsiyhm/fik.

      Ceceg-ceceg mau isine kang trep yaiku ....

A.  17                                                           C. 19 

B.  18                                                           D. 11

18.  ?si=[no[nTonHufkr:2000:[w=o.

Yen ditulis latin unine ….

A. Sing nonton udakara 2.000 wong

B. Sing nonton udakara 3.000 wong

C. Sing nonton udakara 4.000 wong

D. Sing nonton udakara 5.000 wong

 

19. ?skArbMev=I[nDo[nsiyh. kawaca….

A. Saka Arab menyang India               

B. Saka Ostrali menyang Indonesia     

C. Saka Arab menyang Indonesia

D. Saka India menyang Ostrali

 

20. Urutan angka Jawa 1,2,3,4 ing ngisor iki kang bener yaiku….

A. 1,3,2,4                                            C. 2,3,4,1

B. 4,3,2,1                                               D. 1,2,3,4

 

Wacan 3 kanggo soal no. 21-30

Anoman Duta

 

Prabu Rama nembe duka amargi Dewi Shinta, garwanipun, kadhustha dening Rahwana. Anoman lajeng dipundhawuhi kesah dhateng Ngalengka saperlu mapag saha mbekta kondur Dewi Shinta. Nanging dumadakan dhateng wanara sanesipun ingkang namanipun Anggada. Anggada kepengin dados utusanipun Rama kangge mapag Dewi Shinta. Kekalihipun aben ajeng sami nedahaken kekiyatanipun. Minangka pamrayoginipun, Prabu Rama lajeng paring sayembara kangge Anoman kaliyan Anggada. Nalika dipuntakeni sepinten dangunipun wekdal ingkang katempuh kangge kesah dhateng Ngalengka, Anoman matur menawi mbektahaken wekdal sedasa dinten, nanging Anggada matur sagah pitung dinten. Anoman lajeng matur sagah gangsal dinten, Anggada mangsuli tigang dinten. Pungkasanipun Anoman menang sayembara amargi piyambakipun sagah dumugi dhateng Ngalengka kanthi wekdal sedinten. Anoman lajeng kesah dipunkancani dening Semar, Petruk lan Bagong.

………………………………………………………………………………

 

21. Prabu Rama nembe duka amargi Dewi Shinta, garwanipun, kadhustha dening ….

A.  Rahwana                                     C. Anggada

B.  Rama                                            D. Anoman

 

22. Tembung kadhustha ing pitakenan nomer 21 ateges ….

A.  Kacolong                                     C. Katrima

B.  Kacarita                                       D. Kalamar

 

23. …. lajeng dipundhawuhi kesah dhateng Ngalengka saperlu mapag saha mbekta

       kondur Dewi Shinta.

A.  Rama

B.  Anoman

C.  Anggada

D.  Rahwana

 

24. Nanging dumadakan dhateng wanara sanesipun ingkang namanipun Anggada. Tembung

      wanara tegesipun ....

A.  ula

B.  gajah

C.  kethek

D.  kidang

 

25. Minangka pamrayoginipun, Prabu Rama lajeng paring sayembara kangge Anoman kaliyan Anggada. Tembung sayembara tegesipun ....

A.  hadiah/bebungah

B.  paukuman

C.  Pakaryan

D.  Lomba/kuis (Ind)

 

26. Nalika dipuntakeni  sepinten  dangunipun  wekdal  ingkang  katempuh  kangge  kesah   dhateng Ngalengka, Anoman matur menawi mbektahaken wekdal sedasa dinten.Tembung kesah krama inggilipun ….

A.  Lunga

B.  Tindak

C.  Menyang

D.  marak

 

27. Sinten ingkang ngancani Anoman kesah dhateng Ngalengka?

A.  Punakawan

B.  Dewi Sinta

C.  Anggada

D.  Prabu Rama

 

28. Pethikan wacana “Anoman Duta” ing nginggil migunakaken basa Jawa ragam ….

A.  Ngoko lugu

B.  Krama alus

C.  Krama lugu

D.  Ngoko alus

 

29. Prabu Rama nembe duka. Ukara punika menawi kadamel ngoko lugu dadosipun …

A.  Prabu Rama lagi duka

B.  Prabu Rama nembe nesu

C. Prabu Rama lagi nesu

D.  Prabu Rama nembe duka

 

30. Tembung duka ing pitakenan nomer 29 ateges ….

A.  Suka, gumbira

B.  Seneng, bungah

C.  Susah, sedhih

D.  Nesu, srengen

 

Wacan 4 kanggo soal no. 31-34

Waca kanthi premati teks argumentasi ing ngisor iki!

 

Basa Jawa lan Budi Pakarti

Basa Jawa menika gadhah relevansi kaliyan pendidikan budi pakarti. Kangge tuladhanipun, lare ingkang nyinau basa Jawi mboten kraos ugi pikantuk pelajaran budi pakarti. Paling mboten, lare menika saged mangertosi babagan unggah-ungguh ingkang dados salah satunggaling unsur penting wonten pendidikan budi pakarti. Lare-lare kala wau badhe luwih ngajeni tumrap tiyang sanes, kaliyan tiyang ingkang dipunjak micanten, ugi luwih ngajeni tiyang ingkang luwih sepuh saking piyambakipun.

Wonten ing kabudayan Jawi menika, khususipun ing basa Jawi, kathah sanget bebasan ingkang gadhah unsur pendidikan budi pakarti, etika, moral, ingkang sejatosipun sampun dipunakeni dening bangsa Indonesia. Babagan menika amargi bebasan-bebasan ing basa Jawa menika ngandhut kapribaden manungsa ing Indonesia. Tegesipun, sedaya ingkang sae, ingkang endah ing pangraosan dipunungkapaken mawi tetembungan basa Jawi. Isi lan unenipun tetembungan menika saged dipunpahami kaliyan bangsa Indonesia. Kangge tuladhanipun inggih menika bebasan:

a. “gemi, nastiti, ngati-ati” Gemi menika ateges mboten boros, manungsa menika mboten pareng boros wonten gesangipun, amargi boros menika kalebet tumindak ingkang mBoten sae. Nastiti menika ateges mboten nyedhak kaliyan babagan ingkang angel, dados manungsa menika mBoten usah kangelan anggenipun ngadhepi gesang menika, nanging kedah usaha kemawon. Ngati-ati menika ateges ngedohaken awakipun saking tumindak ingkang ala (mboten sae/kelentu), manungsa menika kedah miturut kaliyan mergi ingkang sae, manut kaliyan moral lan aturan ingkang wonten ing masarakat.

………………………………………………………………………………………………...

 

 

31.  Bukti menawi lare ingkang nyinau basa Jawi mboten kraos ugi pikantuk pelajaran budi pakarti inggih    punika lare-lare kala wau badhe luwih ngajeni … kejawi ….

A. tumrap tiyang sanes

B. kaliyan tiyang ingkang dipunjak micanten

C. tiyang ingkang mboten gadhah unggah-ungguh

D. tiyang ingkang luwih sepuh saking piyambakipun

 

32. Ingkang dados salah satunggaling unsur penting wonten pendhidhikan budi pakarti inggih punika babagan …

A. unggah – ungguh                              C. kapinteran

B. ketrampilan                                      D. tiyang sanes

 

33.  Wonten ing kabudayan Jawi menika, khususipun ing basa Jawi, wonten kathah sanget bebasan ingkang gadhah unsur pendidikan budi pakarti, etika, moral, ingkang sejatosipun

       sampun diakui kaliyan bangsa Indonesia. Babagan menika amargi bebasan-bebasan ing

       basa Jawa menika ngandhut kapribaden manungsa ing Indonesia. Tegesipun …

A. sedaya ingkang mboten sae, ingkang endah ing pangraosan dipunungkapaken mawi tetembungan basa Jawi

B. sedaya ingkang sae, ingkang endah ing pangraosan dipunungkapaken mawi tetembungan basa Jawi

C. sedaya ingkang sae, ingkang mboten endah ing pangraosan dipunungkapaken mawi tetembungan    basa Jawi

D. sedaya ingkang mboten sae, ingkang ala ing pangraosan dipunungkapaken mawi tetembungan basa Jawi

 

34. Tegesipun nastiti inggih punika ….

A. ngedohaken awakipun saking tumindak ingkang ala

B. mboten boros

C. mboten nyedhak kaliyan babagan ingkang angel

D. mboten ndamel tiyang sanes kuciwa

 

Wacan 5 kanggo soal no. 35-39

Waca kanthi premati teks pacelathon ing ngisor iki!

 

             Menyang Pasar

Sinta : Ibu badhe tindak pundi?

Ibu : Arep neng pasar Nduk.

Sinta : Menawi badhe tindak peken, kula dherekaken punapa mboten buk?

Ibu : Ora usah, Ibu mengko rada suwe. Ning omah wae ngancani adhimu.

Sinta : Oo Nggih buk. Kok dangu badhe mundhut punapa mawon?

Ibu : Arep tuku iwak karo janganan.

Sinta : Oh, nggih sampun.

Ibu : Wis ning omah wae ya.

 

35. Ana ing pacelathon iku Ibu nggunakake basa ….

     A. krama alus                                      C. krama lugu

     B. ngoko alus                                     D. ngoko lugu

 

36. Sinta anggone matur kaleh ibu Migunaake basa ….

      A. Ngoko lugu                                         C. Ngoko alus

      B. Krama lugu                                         D. Krama alus

 

37. Menawi badhe tindak peken, kula dherekaken punapa mboten Buk? Tembung peken   tegese...

      A. pasar                                             C. kebon

      B. toko                                               D. sawah

 

38. Tembung krama inggile suwe yaiku ....

      A. sedhela                                     C. pirsa

      B. dangu                                    D. ningali

 

39. Tembung ngoko lugune ulam yaiku ....

      A. jagung                             C. iwak

      B. lele                                 D. tela

 

40. Bathok bolu isi madu, tegese….

      A. Wong ala lan wong becik                    C. Wong kang duwe kekuatan

      B. Wong sugih kang asor                         D. Wong asor nanging sugih kapinteran.

 

41. Ing ngisor iki kang kalebu panyandra perangane awak, kajaba ….

      A. Polahe anteng kitiran                        C. Alise nanggal sepisan

      B. Athi athine ngudhup turi                  D. Pipine nduren sajuring

 

42. Apa ngendikane MC nalika penganten putri wis lungguh ana ing dhampar penganten?

A. panyandra kahanan lan perangane awake penganten putri

B. panyandra wong nginum

C. panyandra kahanane penganten putri

D. panyandra pranatamangsa

 

43. Apa tegese: athi-athi ngudhup turi?

   A. Athi-athine kaya kembang mawar sing isih kudhup durung mekar

   B. Athi-athine kaya kembang turi sing isih kudhup durung mekar

   C. Athi-athine kaya kembang mlathi sing isih kudhup durung mekar

   D. Athi-athine kaya kembang wora-wari sing isih kudhup durung mekar

 

44. Apa tegese: lakune kaya macan luwe?

  A. Olehe lungguh lageyane kaya macan sing keluwen

  B. Olehe ngguyu lageyane kaya macan sing keluwen

  C. Olehe mlaku lageyane kaya macan sing keluwen

  D. Olehe meneng lageyane kaya macan sing keluwen

 

45. Ing ngisor iki unsur intrinsik cerkak, kejaba ….

     A. tema                                             C. alur crita

     B. setting                                           D. judul

 

46. Golek ide kanggo nulis cerkak sing paling gampang, yaiku …

A. golek pengalamane wong liya

B. golek kedadeyan sing paling cedhak lan sering dialami ing panguripan sedina-dina

C. saka buku crita

D. saka bab kang sepele lan ora nyata

 

47. Ukara ing ngisor iki kang paling trep manut unggah-ungguh yaiku ....

A. Wingi sonten bapak tindak Semarang nanging kula kesah Kudus.

B. Wingi sonten bapak tindak Semarang nanging kula tindak Kudus.  

C. Wingi sonten bapak kesah Semarang nanging kula kesah Kudus.

D. Wingi sonten bapak tindak Semarang nanging kula lunga Kudus.

 

48. Ibu : Yuk, kowe karo bapakmu arep ning ndi?

     Ayuk : Kula badhe … Kethoprak, Bapak badhe … wayang.

A. mirsani, ndeleng                                

B. ningali, mirsani  

C. ningali, ndeleng

D. mirsani, ningali

 

49. Bapak : Kar, kowe karo simbah tuku apa?

      Kardi : Kula …. Es, Simbah …. martabak.

A. tuku, tumbas                               

B. tumbas, tuku  

C. tumbas, mundhut

D. mundhut, tumbas

 

50. Kowe arep ngaturi marang bapak/ibu guru yen saiki wayah wulangane, cara matur sing bener, yaiku ....

A. Pak, sakniki jame njenengan.

B. Pak, sakpunika wulangan panjenengan.

C. Nuwun sewu, Pak sakniki njenengan mulang wonten kelas kula.

D. Nuwun sewu, Pak sakpunika Panjenengan ngasta wonten ing kelas kula.

 

II. Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi wangsulan kang trep!

 

51. Golekana guru lagu lan guru wilangane tembang Dhandhanggula.

 

52. Ing crita “Anoman Duta”

a. Garwane Prabu Rama yaiku….

b. Jeneng liyane Rahwana yaiku….

c. Sapa sing adu kekuatan?

d. Sapa sing menang sayembara?

 

53. Gawea pacelathon nganggo unggah-ungguh kang trep!

      “Bagus Pamit arep sinau kelompok “

a. Bagus matur pamitan marang bapak yen arep sinau kelompok

b. Bapak mundhut pirsa arep sinau kelompok nang endi.

c. Bagus mangsuli yen arep sinau kelompok ing omahe Bambang.

d. Bapak mundhut pirsa arep lunga karo sapa.

e. Bagus mangsuli arep lunga karo kancane lan njaluk sangu Rp. 10.000,00 kanggo tuku ngombe.

f. Bapak maringi dhuwit.

g. Bagus mangsuli maturnuwun lan pamitan mangkat.

 

54. Paragrap ing ngisor iki tulisen aksara Jawa.

       

Nonton Wayang

 

Dina setu wingi aku karo Fatimah nonton wayang ing bale desa. Wayange diwiwiti tabuh 9 bengi. Fatimah nukokake adhine dolanan regane 9.500 rupiah. Bareng tekan omah adhine rumangsa seneng banget.

 

55. Owahana ukara abasa ngoko lugu iki dadi basa krama alus:

a. Ibu tuku iwak ing pasar Juwana, nanging regane larang banget.

b. Simbah arep ndeleng kethoprak ing bale desa, lali ora nggawa klasa.


KUNCI JAWABAN

I. Pilhan Ganda

1. D 11. B 21. A 31. C 41. A

2. A 12. A 22. A 32. A 42. A

3. B 13. B 23. B 33. B 43. B

4. C 14. C 24. C 34. C 44. C

5. D 15. D 25. D 35. D 45. D

6. C 16. A 26. B 36. D 46. B

7. A 17. A 27. A 37. A 47. A

8. B 18. B 28. B 38. B 48. B

9. C 19. C 29. C 39. C 49. C

10.D  20. D 30. D 40. D 50. D

 

II.  Uraian

51. 10i,10a,8e,7u,9i,7a,6u,8a,12i,7a 

52. a.   Dewi Sinta

b. Dasamuka

c. Anoman lan Anggada

d. Anoman

 

53. Kawicaksanan para Dwija

54. 

 

 

 

 

55. a.Ibu mundhut ulam wonten peken juwana,nanging reginipun awis sanget.

b.Simbah badhe  mirsani  kethoprak wonten bale dhusun,ananging kesupen mboten ngasta klasa.

 

Post a Comment for "SOAL DAN KUNCI BAHASA JAWA ASAJ SMP"